TRATABE ATI

''ngelus dada aku krungu suaramu
 ora tau alus ngendiko karo aku
 tekan seprene suene tak lilokno karepku
 senajan mbrebes mili ning atiku
        aku mlaku adoh ora ana parane
        nganti lemes ra ono tambane
        aku ngomong akeh ra ono ajine
        ngantek ilang suoro ora mbok rungokno
 ''neng njero atiku koe dadi widodariku
  neng doaku smoga diwei kuat atiku
  sabar tak sabarke ngarepi dugalmu
  smoga ndang kebuka lembute ngatimu
                 peteng dedet langit weruh kahananku
                 koyo kena trelep ancur lebur koyo debu
                 teles debes banjir banyu moto
                 nganti koyo urip ra ono rupane
      lintang wengi gawe tentreme atiku
      snajan silir angin ngrusak jiwa ragaku
      wulan matursuwun koe dadi padange dalanku
      koyo sengenge anget padang ning awaku
suara ati kudune tekan ra ngantek di anterke
tulus roso kudune melu ning tindakmu
dadi kembang silir silr ngademke ati
ra temratab ning ati ngawe remuk uripku




dudu puisi dudu curahan hati nanging sitik roso sing iso tak tulis nggo ngilangke loro ati

monggo di kei nada ben lewih resep koyo tulisan lirike mas deni caknan 

#ambyar


Comments

Popular posts from this blog

VPN ,PPTP,L2TP,OPEN VPN and IKEv2